Gawe mringati Ulang taone Kuto Malang ayo podo share kiro-kiro, ndisek kegiatan opo ae sing tau di lakoni ndik malang. bebas iki nggawe boso jowo, indonesia lek boso walikan iku wis wajib.. ayo di mulai:
* Ngemut gulali
* Nakam Gatot, cenil, bledus, karak, rujak gobet, jenang grendul, kokam, opo maneh yo… saking akehe lali kabeh hehehehe
* Neam Kwartet, Umbulan, ambek nekeran
* sam ku ndisek tau nari breakdance
* Kolem klub utapes ador kagana (Kanjuruan Gajayana) ndik jalan Ijen
* lek nang alun-alun tujuane tail air mancur, ambek nakam tahu petis, karo tail tandak sedeb sarimin.
* Nggadol cikar sampek tekan gadang
* Sing ga’ iso ORARI-an, nggawe interkom (Bendino ngolor” kabel interkom terus ground e di lebok no sumur.
* Numpak bemo teko comboran nang mergan
* microlet ono’e sek jurusan AG, ongkose 250 an
* tuku krupuk 25 oleh 2
* tuku cap-capan gambar rambo, rocky utowo cobra
* lek udan panas jare wewe gombel manak
* golek susuane manuk emprit
* dino minggu awan tail telenovela sing onok justo e <– judule lali
* nyamblek coklat ndek supermarket
* dulinan belu tong2 <– terusan lali, karo sing si si si lama2 menjadi pulisi
* due sandal gunung carvil rasane koyok2 e wis paling mbois
* ngerungokno arya kamandanu ambek brama kumbara
* radio fm pertama : kalimaya baskara
* golek teks e lagu nang pak zakki radio tt 77
* plaza pertama, malang plaza
* tail biskop ndik kelud, Jaya theater, Mulia theater, Garuda theater, Irama theater,ria theater
* nduwe speda BMX, sadele di duwurno, trus gear diganti glodtrap cek iso standing
* telpon kodew nggawe telpon umum koin ndek rumah sakit, cek ne sepi
* no telpon e mek 5 digit
* Nek gak duwe telpon, ngekek i nomor telpon tonggone
* Usum rambut di kuncir koyo buntut e tikus, tambah dowo tambah sangar!!
* Hamur2 podo di cet PKK gentenge, tujuane opo sampe saiki aku gak ngerti
* Es tawon kidul dalem… maknyusss
* Podo ngumpulno bekas bungkuse permen karet "YOSAN"
* Pas sek sekolah TK, tau nyanyi bareng2 nang RRI, wong sa' kampung di kandani cek ngerungokno radio
* klambi klombor,.. nek uklam tangane melambai2 kiwo tengen <– ketok lek kera mokong
* adapes BMX, ruji bane di pasangi plembungan, cek unine koyok adapes rotom
* akeh kera licek dulinan engklek, sing kodew bekelan
* sik eling silup sing jenenge MIRAN, sing senengane oprak-oprak wong becak an
* malem jumat tail friday 13th
* niru dadi chip,.. playon karo kathok e diselipi debog e gedang, jarene bedil
* ebes kodew lek ndik hamur ngerungokno sandiwara radio saur sepuh, ibuku malang ibuku tersayang,trus misteri gunung merapi.
* Seneng tail acara musik album minggu, selecta pop, safari, kamera ria
* Paling sebel lek film apik2 di potong laporan khusus ndek TVRI.
sik sik…. bersambung karo ngiling-ngiling iki …… lek sam, ebes utowo sopo ae iling koment ae gak usah isin isin ya
Salam Satu Jiwa
Arema Indonesia

